Menyang kontèn

Areng watu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Batu bara)
Conto batu bara

Areng watu (krama areng séla) utawa setingkul yaiku sawijining watu bahan bakar fosil.[1] Arti umum yaiku watu kang bisa kanggo bahan bakar, asalé saka endhapan organik, yaiku saka sisa tuwuhan lan kadhapur liwat prosès pembatubaraan.[1] Unsur-unsur mligi saka karbon, hidrogen lan oksigèn.[1]

Batu bara uga tunggalé watu organik kang duwé sipat-sipat fisika lan kimia kang komplèks kang bisa ditemoni ing manéka bentuk.[1]

Analisa unsur mènèhi cara formula empiris kaya C137H97O9NS kanggo bituminus lan C240H90O4NS kanggo antrasit.[1]

Pambentukan areng watu mbutuhaké kahanan-kahanan mirunggan lan mung bisa ing jaman-jaman kang ora mesthi saanané sajarah géologi.[2] Jaman Karbon, kira-kira 340 (yuta taun kapungkur), yaiku jaman pambentukan batu bara kang paling prodhuktif kang mèh kabèh dhéposit batu bara (black coal) kang ékonomis kadhapur ing bumi sisih lor.[2] Ing jaman Permian kira-kira 270 yuta taun kapungkur, uga kadhapur endhapan-endhapan batu bara kang ékonomis ing bumi sisih kidul, kaya ta Australia, lan maju terus nganti jaman Tersier (70 - 13 yuta taun kapungkur) ing bumi.[2]

Kabèh unsur pambentuk batu bara yaiku saka tetuwuhan. Jinis-jinis tuwuhan pambentuk batu bara lan umuré miturut Diessel (1981) yaiku:

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e Batu Bara Archived 2011-08-17 at the Wayback Machine.(09 Agustus 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o Batu Bara Archived 2007-05-29 at the Wayback Machine.(09 Agustus 2011)