Menyang kontèn

Bonang barung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Bonang Barung)
Bonang barung

Bonang Barung yaiku salah sawijiné pérangan perangkat Gamelan Jawa kang duwèni wujud pencu banjur diarani wujud Pencon.[1] Bonang Barung ing Gamelan Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog.[1] Laras Sléndro wilahé ana 12 cacahé, banjur kang Laras Pélog wilahé ana 14 cacahé.[1] Bonang Barung manggone ing Rancakan saka kayu kang dhapuré kaya ambèn.[1] Pencon iku mau ditata ing rancakan ditumpangaké ing tali kang diarani Pluntur.[1]

Cara Nabuh[besut | besut sumber]

Bonang Barung ditabuh nganggo kayu kang cacahé 2, kayu iku mau sing pérangan dhuwur diblebet nganggo Kain lan pluntur]].[1] Cara nabuh bonang iku ana akèh pola tabuhané, yaiku pola tabuhan Gembyang, Mipil, Imbal, Sekaran, Klénangan, lan liya-liyané.[1]

Kagunaané Bonang[besut | besut sumber]

Bonang Barung iku gunané kanggo mbukani Gendhing.[2] Saliyané iku, Bonang Barung uga bisa kanggo nuntun alur Gendhing.[2] Khusus ing pola Mipil, Bonang barung iku bisa kanggo nuntun Instrumen liyané.[2] Bonang Barung ora bisa dadi lagu penuntun, nanging kolaborasi karo Bonang penerus gawé pola lagu lan ing aksèn-aksèn wigati bonang gawé Sekaran kang racaké ana ing akir kalimat lagu.[2]

Bahan[besut | besut sumber]

Bonang iku ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing kagawé saka Tembaga (Perunggu).[2] Kang kagawé saka wesi iku racaké regané luwih murah tinimbang sing kagawé saka Tembaga.[2] Kuwi mau amarga yèn wesi iku ora nganggo campuran apa-apa.[2] Nanging yèn Tembaga iku nganggo campuran, campurané yaiku 7/3.[2] 7/3 iku maksuté, 7 kanggo ukuran Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi.[2] saliyané iku uga cara gawéné kang luwih angèl tinimbang sing saka wesi murni.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g www.scribd.com(08 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i j Bonang Archived 2011-10-24 at the Wayback Machine.(10 Juni 2011)