Parembugan:Bebungah Sastra Rancagé
Mung ngudarasa, tembung "hadiah" iku apa wis kaserep jroning basa Jawa ya? Nèk ora klèru wis ana tembung basa Jawa sing maknané hadiah, yakuwi "bebungah", kang tegesé: 1. pawèwèh; 2. opahan, bayaran; 3. anakan. Prasdhiskusi
- Lagi waé tak-deleng ing bausastra. Katoné iki tembung anyar ya? Soalé aku weruhé ing bausastra Pigeaud-Albeda weton taun 2007. Ing bausastra Robson-Singgih Wibisono weton 2002 durung ana.
- Tembung hadhiah pancèn katoné sajak tembung sing kurang nJawani nanging umum ditepungi. Meursault2004ngobrol 13:00, 22 Februari 2008 (UTC)
Anu mas, jajal dipirsani nèng léma "bungah", mbakmanawa ana. Nèk nèng kamus Yogya anané ing léma "bungah" ora ing "bebungah".Prasdhiskusi
- Nuwun sèwu, aku luput mau. Aku lagi waé niliki "Baoesastra" Poerwadarminta weton 1939, tibakné léma iki uga ana persis padha. Meursault2004ngobrol 14:16, 22 Februari 2008 (UTC)