Menyang kontèn

Petung panca suda

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Petung panca sudo kanggo meruhi ala lan becike jejodhohane wong lanang lan wong wadon. Petung iki dijupukake saka neptune dina 7 (pitu) lan pasaran 5(lima). Neptune dina:a. Senen:neptune 4. b. Selasa:neptune 3. c. Rebo:neptune 7. d. Kemis:neptune 8. e. Jumat:neptune 6. f. Sabtu:neptune 9. g. Minggu:neptune 5. Neptune pasaran:a. Pahing:neptune 9. b. Pon:neptune 7. c. Wage:neptune 4. d. Kliwon:neptune 8. e. Legi:neptune 5. Petung panca suda iku tinggalane para leluhur, kang tekan nganti saiki isih kerep digunakake.